Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa "Bekal Ngadhepi Dinten Kiamat"
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛
Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu
wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati
a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah
waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi
washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur
nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa
waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi
atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.
Ingkang sepindah minangka pambukaning
khutbah mangga sesarengan kita nyaosaken puji syukur ing ngarso dalem
Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan saha
kanikmatan dumateng kita sedaya sahingga ngantos ing kesempatan Jum’at
siang punika kita saged nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita
nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing dinten Jum’at punika saget
katampi manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal
‘alamin. Sholawat saha salam tetepa kita aturaken dumateng junjungan kita
Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘alaihiwassalam ingkang kita tengga
syafaatipun fidiini wal akhirat, Amiin. -
"Bekal Ngadhepi Dinten Kiamat"
Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Pagesangan wonten alam
donya punika ibaratipun kados penyeberangan ingkang dipun lewati dening
tiyang-tiyang ingkang gesang, sedaya badhe nglewati ugi bakal ninggalaken
saklajengipun badhe tumuju pagesangan ingkang sejatos. Allah SWT dadosaken
donya punika panggenan amal lan akhirat panggenan kagem nampi
piwalesanipun, mangka sedaya tumindak badhe angsal piwalesan sinten
tiyang ingkang amal utawi awon bakal dipun wales benjing wonten ing akhirat.
Dinten piwalesan badhe dumugi lan punapa kemawon ingkang badhe dumugi
saktemenipun caket wekdalipun. Ampun ngantos terlena kumenyaripun donya ingkang
namung sementara punika, sahingga lalai saking pagesangan ingkang sejatos
benjing wonten ing akhirat –
Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Kita kedhah emut bilih pati inggih punika satunggal perkawis ingkang mesti
bakal dipunalami dening sedaya makhluk ingkang gesang wonten ing alam donya,
pati bakalan misahaken saking keluarga, bandha donya, jabatan, pangkat lan
sanes-sanesipun. Allah sampun paring firman bilih diantaranipun manungsa wonten
ingkang bakal dipun paringi pitulungan ugi kabar sae, anamung wonten ugi
manungsa ingkang ngraosaken sanget ajrih wekdal patinipun. Allah SWT nyebat
keadaan tiyang-tiyang ingkang raos suka nalika seda wonten ing firmanipun :
تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلاَئِكَةُ أَلآتَخَافُوا
وَلاَتَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ . نَحْنُ
أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي اْلأَخِرَةِ وَلَكُمْ فِيهَا
مَاتَشْتَهِي أَنفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَاتَدَّعُونَ
“Malaikat nakal tumurun marang wong-wong mau
kanthi ngendika : Aja padha wedi lan aja padha sedih, rasakna sukacita amarga
swarga kang wis dijanjekake Allah marang kowe kabeh, Aku yaiku kang menehi
pitulungan marang panguripan ing donya lan akhirat, ana ing sakjroning swarga
kowe kabeh bakal oleh apa-apa kang kowe kabeh pengin lan bakal oleh kabeh apa
panjalukmu” (Terjemah Qur’an Basa Jawa : Fushshilat: 30-31) -
Saestu kita sedaya
ngarep-arep bakal angsal kabar sukacita saking Malaikat Maut ingkang badhe
nyabut nyawa kita, kerana mawi punika satunggaling tiyang badhe ngawali
pagesangan ingkang sae wonten ing alam akhirat. Purwaning kanikmatan wonten ing
alam kubur ugi sedaya kanikmatan saklajengipun badhe dipun alami wonten
pagesangan ing akhirat, sedaya kautamaan punika badhe dipunraosaken dening
tiyang-tiyang ingkang nyerahaken dirinipun dumateng Allah Ta’ala sahingga nampi
ugi nglaksanakaken syariat-syariatipun, nggih punika tansah ikhlas anggenipun
ngibadah ugi dherek mergi ingkang dipun tauladani dening panjenenganipun
Rasulullah ugi ingkang dipun lampahi dening para ulama. Ananging sinten tiyang
ingkang nyelisihi para ulama, ngingkari Allah ugi Rasulipun bakal ngrasakaken
siksa ingkang sanget pedihipun, awit saking patinipun dumugi ing alam kubur
saklajengipun wonten pagesangan ing akhirat bakal sengsara.
Kita kedah mangertos
bilih pagesangan ing alam donya punika bakal wuwus kanthi dumuginipun dinten
kebangkitan, sedaya manungsa wiwit saking pertama diciptakaken dumugi
terakhiripun bakal dipun bangkitaken saking alam kuburipun bakal dipun
kempalaken wonten ing padhang mahsyar. Saklajengipun pagesangan akhirat bakalan
nyabang wonten kalih mergi nggih punika swarga utawi neraka, mangka ingkang
kedadosan tumrap manungsa sampun kasebat wonten ing satunggaling firman :
كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا
بِمَآأَسْلَفْتُمْ فِي اْلأَيَّامِ الْخَالِيَةِ
“Mangan lan ngombe sira
kabeh kanthi bungah amarga amal kang wis kowe kabeh amalke nalika dina-dina
kang wis kelakon” (Terjemah Qur’an Basa
Jawa Al-Haqqah: 24)
Anamung kedadosan
sakwalikipun kagem para penduduk neraka, a’adzanallahu waiyyakum
minannar (mugiya Allah ngedohaken kita sedaya saking siksa neraka),
kados ingkang sampun kasebat wonten ing Al-Qur’an :
يَاحَسْرَتَى عَلَى مَافَرَّطتُ فِي جَنْبِ
اللهِ وَإِن كُنتُ لَمِنَ السَّاخِرِينَ
“Ageng sangat anggen
kawula nyesel marang sedaya kelalaian kawula anggen (nindakaken kewajiban)
dumateng Allah, ugi kawula rumiyin sanget termasuk tiyang-tiyang ingkang
ngolok-olok (agamanipun Allah)” (Terjemah Qur’an Basa
Jawa Az-Zumar: 56)
Akhiripun, mangga kita
sami ngathah-ngathahi anggenipun nglampahi amal shaleh wonten pagesangan
ingkang boten dangu punika, ampun ngantos kita sami dados tiyang ingkang
gadhahi sifat sombong boten purun nampi perkawis-perkawis kang leres. Semanten
ugi ampun ngantos kita ngutamakaken perkawis donya ugi nuruti nafsu sahingga
wantun matur utawi ngamalaken agama tanpa bimbingan para ulama. Saktemenipun
Allah sampun paring firman : “
فَأَمَّا مَن طَغَى . وَءَاثَرَ الْحَيَاةَ
الدُّنْيَا . فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَى . وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ
رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَى . فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَى
“Wong-wong kang
nglampaui bates lan luwih ngutamakake urip ing donya, mangka saktemene
neraka kang dadi panggonane, lan wong-wong kang wedi marang agenging Rabb lan
nahan diri saka hawa nafsune, mangka saktemene swarga panggonane” (Terjemah Qur’an Basa Jawa An-Nazi’at: 37-41)
Mugi-mugi Allah
Subhanahu wata’ala dadosaken kita sedaya dados hamba-hamba ingkang untung
sahingga pantes angsal swarganipun lan dipun slametaken saking siksa geni
neraka.
Khutbah Kedua :
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ.
اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا
لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ
حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ
سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ
اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا
يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ
اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ
سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ
سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى
الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَ الْأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا
وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا
تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ
رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ
اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ
الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ
الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا
الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ
لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ